Bahasa Jawa - Tembang Macapat



Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
Paugeran Tembang Macapat : 
  • Guru Lagu Tibaning swara ing pungkasaning gatra
  • Guru gatra: cacahing larik saben sak padha (bait)
  • Guru wilangan: cacahing wandha (suku kata) saben sagatra

Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.

Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Tembang macapat bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo ngandharake ancase dhewe-dhewe.

11 tembang macapat bisa uga nggambarake dalane urip manungsa saka kandutaning ibu dumugi tekaning pati, dening urutane kayata :

  1. Maskumambang : nggambarake jabang bayi isih ana ing kandutaning ibu, isih “ngambang/ kumambang”, durung dimangerteni kakung utawa putrine.
  2. Mijil : nggambarake jabang bayi wis lair/ mijil ing alam donya, wus dimangerteni kakung utawa putrine.
  3. Sinom : “anom, enom” jabang bayi wus lekas dadi bocah enom, anom wus wiwit remaja
  4. Kinanthi : “kanthi, gandheng, isih dikanthi”/ di gandheng dening wong tuane, isih di tuntun wong tuane, wus lekas diajari babagan urip ing alam donya iki, diajari ngibadah, tumindak kang becik, lan menawa wus lekas tumindak ora becik wong tua nggeret, ngandani, dikandani dening wong tua.
  5. Asmaradhana : wis lekas duweni rasa tresna, welas asih marang wong utawa lawan jenis, wus lekas dadi kodrate manungsa.
  6. Gambuh : “jumbuh” utawa sarujuk, tegese wus cocok karo sik ditresnani banjur wong tua sarujuk anake kanggo urip bebojonan.
  7. Dhandanggula : ‘gula” tegese legi/ manis, nggambarake wong kang lagi bungah, apa kang dadi pangarepan wus kalakon.
  8. Durma : “ma-loma”/ wèwèh/ duwe rasa welas asih, wus isa duwe rasa menehi marang liyan.
  9. Pangkur : “kur-nyingkur, mungkur” tegese bisa nyingkiri, nyumingkiri bab sik ora becik, hawa nepsu.
  10. Megatruh : “pegat” pisah nyawa lan ragane ateges wus sowan marang Gusti
  11. Pocung : wong wis ninggal dunya, bakalan ninggalake bondho donyane, hamung mori (kain kafan) kang diawa ngadhep marang Gusti.

Sumber : 

https://kumparan.com/berita-terkini/tembang-macapat-yaiku-pengertian-dan-jenis-jenisnya-1w8GidWNEUm



Link Youtube:

https://youtu.be/sGjE2O5Tiis?si=z98USj0SHFLsJczK

Sawise maca materi tembang macapat, siswa diwajibake nindakake latihan soal-soal ing ngisor iki!

https://unimma.link/X3G2

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tarekat Sejarah dan Perkembangannya